"Sewu
Kutha" dening Didi Kempot. DOWNLOAD
 |
GEGURITAN
(PUISI BAHASA JAWA)
|
maymintaraga
:
WAYAH
ESUK PEDUT ANGENDANU
jakarta
8 april 2009
rong
puluh tahun kepungkur aku lan sliramu nate mlaku ana dalan kene
saklawase ora nate ketemu
saliramu lan saliraku wus beda ora kaya biyen nalika isih tak
kanthi
gandaning wengi mau isih sumrebak ngebaki pedut wayah esuk
wus aja mbok tangisi lakon kang wus kapungkur
wus pirang wayah ketiga tak lakoni nganti rambut warna ireng lan
putih
ing dalan iki rong puluh tahun kepungkur
ana cerita rinajut endah
dik, kala kala sliramu isih dadi impenku
pirsanana ana nduwur kae
ana kluwung cumlorot ing sela-selaning gegodongan
lan lintang panjer wengi sing isih kari sakmenir gedene
saiki aku lan sliramu linambaran rasa kangen
simpenen kangenmu ana impen ***
 |
maymintaraga
WUS WUNGU SANG PANGENTAS
kang seda kasinalib nalika telung dina kapungkur
dina iki wus wungu kanthi kamulyan
salirane sumunar pindha baskara
getih lan saliranipun kanggo tumbal kaselametane manungsa
nebus dosa lan kaluputan kita sami
ayo pada mangayubagya lan paring pamuji
kebak konjuk rasa sukur marang Gusti
Duh Gusti Yesus wus kang paring sih katresnan jati
tatuMu kang arang kranjang wus ngusadani sakabehing
lelaraku lan nebus dosa-dosaku.
kamulyan lan karahayon sumebar saindenging jagat raya
Sang Pangentas wus wungu lan tansah waluya ing jati
salawase nyelametake sakabehing manungsa. ***
Sugeng Paskah 2009
jakarta 12 april 2009, minggu kliwon. |
PETENGING
WENGI
maymintaraga 19 april 2009
sumribit angin ngelus langit sore
manuk sriti bali ing pucuking cemara
nganti tekaning wengi sing nyenyet
gawang-gawang katon pasuryanmu
gawe tambah kekesing angin sore
tumlawung rasa kang ngulandara
wengi bakal tumeka maneh
bareng karo wewayanganmu
kang bakal ngebaki impen petenging wengi
lumaku turut petenging lurung
bakal gawang-gawang campur mega-mega
apa kudu tak buwang bareng karo lumingsiring wengi ? ***
NYAWANG
PUCUKING GUNUNG SUMBING
maymintaraga 19 april 2009
sawah lan pategalan bawera
lumaku saktengahing kunang-kunang
kumelip nggawa wisik saka pucuking gunung sumbing
tak goleki ngendi panggonanmu
bapa biyung kang wus tumeka ing kasedan jati
anakmu isih nyawang pucuking gunung sumbing
ana ing saktengahing sawah pategalan sing dadi pangeling
o, bapa lan biyung...
saiki panggonanmu ing pangayunaning pangeran
isih bisa nyawang ana ing panggonan iki
sawangen anakmu ***
KEKUDANGANKU
maymintaraga 19 april 2009
o, ngger sang ponang jabang bayi
bebarengan tangismu kang kejer sumusup ing wengi
sira wus lahir kanthi slamet
nyawang gumelaring jagat raya
yen sira nangis tak emban lan tak tembangake dandang gula lingsir
wengi
kapurih sira bisa turu kanthi tentrem
yen sira mesem tak kudang tak liling
o, ngger sang ponang jabang bayi
tak gadang dadiya wong kang luhur bebudenmu ing tembe ***
kanggo: fabian moreno setiawan lan rubi dirgantara